Kumpulan Contoh Tembang Durma dengan Bahasa Jawa
--
2. Kontrangkantring saking marase kalintang,
dhuh aduh anak mami,
age lumayua,
yata kang kawuwusa,
wonten gegaman geng prapti,
jawing taman,
ingkang hadarbebaris,
Baca juga: Tuliskan Cara Menentukan Gagasan Pendukung dengan Baik dan Benar!
3. Nateng Siyem kalawan nateng Manila,
prapta tunggiling kardi,
harsa amisesa,
marang randha Dhadhapan,
yata risang sarpa uning,
yen praptanira,
rising narpati kalih.
4. Minger medah Sang Retna Galuh tinilar,
sang naga prapteng jawi,
sedya ananggulang,
praptane kang gegaman,
laju sumebut dhatengi,
krura angakak,
gora reh gigirisi,
5. Wadya bala Siyem kalawan Manila,
kagyatira tan sipi,
mundur tur uninga,
marang narendranira,
yen wonten sarpa gang prapti,
saking jro taman,
galak anerak baris.
Baca juga: Link Webtoon Maybe Meant to Be Full Chapter Bahasa Indonesia, Hanya Baca Disini!
6. Gumarudug anawat sela lir udan,
tanapi gada bindi,
kunta myang senjata,
tibeng angganing sarpa,
datan mantra anedhasi,
sangsaya krura,
molah amuter pethit,